Date: 25 Apr 2024
Welcome, Guest
Complete, all you can do here.
Sign Up »
Sonicly


[ New Messages · Forum Rules · Search · RSS ]
  • Page 1 of 1
  • 1
Sonicly Forum » Hobby & Entertainment » Jokes » "Sepuluh Ewu" (Humor bahasa Jawa)
"Sepuluh Ewu" (Humor bahasa Jawa)
FunDate: Monday, 15 Nov 2010, 00.14 | Message # 1
Watcher
Group: User
User ID: 8
Joined: 23 Jul 2010
Messages: 720
Awards: 13 [+] Loading Awards...
Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter
Bunali.

"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso."
takok dokter Bunali.

"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten
anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.

"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.

"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku
nangkamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo."
Jare Wonokairun.

Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok
ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, marij
antunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni
jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-
ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau
pas main.Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-
ngguyu."Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau
pas main.Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-
ngguyu."Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek
sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi
sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack
down." Bunali mulai purik.

"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo,
Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa kamar sing sak ngisore sepuluh
ewu ."


 
Sonicly Forum » Hobby & Entertainment » Jokes » "Sepuluh Ewu" (Humor bahasa Jawa)
  • Page 1 of 1
  • 1
Search:

Forum Statistics
New Posts Popular Topics Top Users New Members
Chrysler to build ZF'...
SEAL OFFLINE(SEAL OFFLIN...
Tips Menghias Kamar Agar...
Strategi Jitu Agar Lekas...
Tips Rahasia ML ...
Masyarakat Bisa Tuntut P...
Tanaman Berkhasiat Obat ...
Bahaya Onani Bagi Remaja...
Dicari, Sonicly Designer
PINGIN POSTING GAK JELAS...
CARA MENINGGIKAN BADAN D...
Dicari, Sonicly Designer
Lowongan Sukarela Untuk ...
PINGIN POSTING GAK JELAS...
Sebelum posting Thread, ...
Bahaya Onani Bagi Remaja...
Lama bekerja di depan Ko...
PC Unik Gabungan Laptop,...
One Piece
BEBAS!
777 [1035]
Fun [720]
jason [82]
mukakisut [79]
about:blank [61]
Vi [60]
deniel [35]
((X2X))Noobs_Hunter [31]
never00miss [24]
xenja [17]
twilightZone008
strike21
dencis
Fajri
ebe
envi
igor
kndykndy
oezil
Icescubes

Sign In

E-mail:
Password:

Sonicly Totalistic

Member: 5095
Forum: 2322
News: 27
Blog: 16
Downloads: 18
Comments: 5